![]() |
Syiir tanpa weton - Gus Dur. |
Tentangdoa.com – Berikut ini adalah teks lengkap syiir tanpa wathon yang disebut-sebut suara populernya adalah Gus Dur, meski bukan.
Astaghfirulloh Robbal Baroya # Astaghfirulloh Minal Khotoya
Robbi Zidni ‘Ilman Nafi’a # Wa Wafiqni Amalan Sholikha
Yaa Rosulalloh Salamun’alaik # Yaa Rofi’ashani Wadaroji
‘Athfatayaji Rotal ‘Alamii # Yaa Uhailal Judiwal Karomi
Ngawiti Ingsun Nglaras Syi’iran # Kelawan Muji Maring Pengeran
Kang Paring Rohmat Lan Kenikmatan # Rino Wengine Tanpo Pitungan
Duh Bolo Konco Prio Wanito # Ojo Mung Ngaji Syare’at Bloko
Gur Pinter Dongeng Nulis Lan Moco # Tembe Mburine Bakal Sangsoro
Akeh Kang Apal Qur’an Haditse # Seneng Ngafirke Marang Liyane
Kafire Dewe Dak Digatekke # Yen Isih Kotor Ati Akale
Gampang Kabujuk Nafsu Angkoro # Ing Pepahese Gebyare Dunyo
Iri Lan Meri Sugihe Tonggo # Mulo Atine Peteng Lan Nisto
Ayo Sudulur Jo Nglalekake # Wajibe Ngaji Sak Pranatane
Nggo Ngandelake Iman Tauhide # Baguse Sangu Mulyo Matine
Kang Aran Sholeh Bagus Atine # Kerono Mapan Sari Ngilmune
Laku Thoriqot Lan Ma’rifate # Ugo Hakekot Manjing Rasane
Alqur’an Qodim Wahyu Minulyo # Tanpo Tinulis Iso Diwoco
Iku Wejangan Guru Waskito # Den Tancepake Ing Njero Dodo
Kumanthil Ati Lan Pikiran # Mrasuk Ing Badan Kabeh Jeroan
Mukjizat Rosul Dadi Pedoman # Minongko Dalan Manjinge Iman
Kelawan Alloh Kang Moho Suci # Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi
Ditirakati Diriyadhohi # Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali
Uripe Ayem Rumongso Aman # Dununge Roso Tondo Yen Iman
Sabar Narimo Najan Pas-Pasan # Kabeh Tinakdir Saking Pengeran
Kelawan Konco Dulur Lan Tonggo # Kang Podo Rukun Ojo Dak Sio
Iku Sunahe Rosul Kang Mulyo # Nabi Muhammad Panutan Kito
Ayo Nglakoni Sekabehane # Alloh Kang Bakal Ngangkat Drajate
Senajan Ashor Toto Dhohire # Ananging Mulyo Maqom Drajate
Lamun Paslastro Ing Pungkasane # Ora Kesasar Roh Lan Sukmane
Den Gadang Alloh Swargo Manggone # Utuh Mayyite Ugo Ulese
Semoga bermanfaat. (tentangdoa.com – ab)